Jumat, 22 April 2016

Kartini Day (Urip Iku Kudu Urup)

Sugeng sedoyo poro sederek? Alhamdulillah.

Ning tulisan postingan iki aku arep nganggo boso Jowo gaes. Asek! Tumben yo? Iyo nggak popo. Ben pisan-pisan ketok Jawane. Yo ambokno mengko rodho dicampur karo boso inggris sithik ben nggaya rapopo yo, gaes.

Piye gaes lebar kartini-an tanggal 21 April wingi? Podho ayu-ayu yo mesthi gaes. Sing putri-putri nganggo kebaya koyo kartini. Sing kakung podho nganggo ageman jas koyo kartono.

Ono sing nganggo klambi kebaya yo mung sak onone lan sak duwene klambi kebaya. Ning yo ono sing khusus nyilih ning salon. (Eh yo uduk nyilih yo? Nyewo. Penak men nyilih.) Ugo ono sing ndandakke khusus kebaya apik banget gawe kartini-an. Biasane uong sing sugih-sugih opo sing podho di endorse. Yo nek nduwe duit turah-turah mono yo ora popo ndandakke khusus kebaya apik modern kanggo acara kartinian. Ning yo kui lho, pletekane ki ora usah duwur-duwur nganti ketok pupune. Kui arep kartinian opo arep bakulan pupu. Oh my God, that was really sexy.

Bocah sekolah jaman saiki podo kudu nganggo kebaya yen dino pengetan kartini. Nganti nyalon, nganggo sandal jinjit, gincunan sing abang branang, nyewo klambi seko salon. Wes meh persis koyo wong wisuda. Jamanku ora ono kartini biyen ngono kui.

Sejatine yo ora popo iku mau ki. Arep podo dandan ayu nganggo kebaya apik. Entek duit akeh kanggo nyewo utawa kanggo gawe kebaya. Nanging mbok iyao eling what the meaning of Kartini’s day celebration.

Kartini iku jaman biyen berjuang ora kanggo supaya kowe kabeh poro wadon isoh lenggak-lenggok pamer kebaya apik lan branded designer terkenal sing pletekane tekan pupu utawa nyewo seko salon apik sing duite le njaluk pak mbok e. Nanging Kartini iku berjuang ben koe kabeh poro wadon isoh podho sekolah. Dadi yo teko podho sekolah wae sing bener. Ojo dadi wong bodho koyo aku iki, gaes. Susah mengko tembe mburine.

Once again gaes. You have to remember the meaning of the celebration, ora mung pepengetane wae sing dieling-eling tanpo mikirke opo maknane. Ojo mung siap-siap dandan ayu nganggo kebaya tapi yo ugo semangat e kanggo belajar. Ora mung do selfie rono selfie rene. 

Dadikno dino Kartini kuwi kanggo pepiling opo wae tho ingkang wes dicapai awakdewe poro wanito kanggo bongso lan negoro. Yo nek keduwuren mikir tekan bongso lan negoro yo uwis kanggo keluargane wae. Opo awakdewe poro wanito iki uis menehi manfaat kanggo keluwargone dewe? Amarga urip iku kudu urup. Wong wadon yo kudu isoh agawe urup.

Kartini iku berjuang kanggo supoyo pendidikan wong wadon jaman saiki iku luwih apik. Yen pendidikan soyo apik yo mengko moral e isoh luwih apik. Isoh oleh gawean lan papan sing luwih apik. Lan ugo dihargai karo wong liyo.

Delok wae wong wadon saiki! Diperjuangke karo Kartini supoyo biso sekolah. Mbasan isoh sekolah, lagi wae bar ujian nasional klambine uis dicoret-coret. Pengumuman lulus wae durung. Do you know how that would make Kartini feels? Sedih, cah. Aku iki yo mung wong bodho, nanging yo ora ngono-ngono banget.

Kartini ugo berjuang ora mung kanggo sekedar supoyo wong wadon isoh bebas berekspresi. Jarene emansipasi. Yo berekspresi nek nganggo duite dewe yo oleh. Ngopo aku ngelarang, aku mbiayai yo ora. Nanging luwih becik yen berekspresi iku tetep ono ning dalan e. Udu bebas tanpo wates. Ngono yo ngono ning ojo ngono.

Dadi yen ono pepengetan dino opo wae kui, ojo podo ribut-ribut nyiapke perayaane nanging luwih penting eling maknane lan instrospeksi diri. Not just doing have fun without meaning. It will be all waste.

Ojo mung seneng-seneng tanpo piwulangan.


 Happy Kartini's Day, yo gaes!



1 komentar:

ArtBlessing mengatakan...

apek lek ��. ,��
sebagian do salah kprah lek, kudune wong tuo ne nyritakno perjuangan e r.a kartini ben so ra salah kaprah lan dadi pangeleng2 anak e, ora sik dieleng2 anak sesuk e aik selfie kono kene.
hehe
kui ono kata2 " Ngono yo ngono ning ojo ngono "
marai aq kelingan jaman berjuang diTPA (Taman pndidikan Al-qur'an )